Kamis, 09 Desember 2010

PITUTUR LUHUR

SUGIH TANPA BANDHA
Yen dideleng kasat mata pancen ora ana wong sugih nanging ora duwe bandha. Nanging kanggone wong Jawa sing diarani wong sugih ora mesthi bandhane akeh. Wong kang duwe ilmu kang mumpuni, kanca akeh, rasa tentrem ayem lan rasa syukur uga diarani wong sugih. Sugih ing wawasane wong Jawa ora mung ateges lahiriyah, nanging uga batiniyah.
CEGAH DHAHAR LAWAN GULING
Ing wawasane wong Jawa, mangan lan turu iku salah sawijining kanikmatan urip kang bisa nyebabake wong urip lali marang ancase urip. Wong kang kakehan mangan lan turu bisa nyebabake pangrasa lan pikirane kethul sarta wegah nyambut gawe. Mula, para leluhur paring pitutur supaya kita bisa cegah dhahar lawan guling. Nyuda mangan lan turu sacara batiniyah dadi perangane laku prihatin kanggo ngasah bathin lan kanggo nggayuh ancase urip. Secara lahiriyah nyuda mangan lan turu bisa kanggo ngontrol kasarasan. Wong kang mangan lan turune sacukupe dibarengi pasa bakal luwih sehat tinimbang wong kang kakehan mangan lan turu.

Rabu, 10 November 2010

Tembang Jawa

Tembang jawa kaperang dadi 4 yaiku: tembang gedhe, tembang tengahan, tembang macapat lan tembang dolanan. 
Tembang gedhe lan tembang tengahan wis arang banget dirungu. Dene tembang macapat yaiku reriptan nganggo paugeran guru gata, guru lagu lan guru wilangan.
Tembang macapat ana 11 yaiku mijil, maskumambang, sinom, asmaradana, kinanthi, dhandhanggula, durma, gambuh, pangkur, megatruh lan pocung.
Tembang dolanan yaiku reriptan gagrag anyar, sing ora nganggo paugeran guru gatra, guru lagu lan guru wilangan, nanging kena ditembangake lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Tuladha: Jamuran, Ilir-ilir, Prau layar, lsp.