Kamis, 24 Maret 2011

AKSARA JAWA (HANACARAKA)

Aksara Hanacaraka dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan sing unine ha na ca ra ka. Cacahe aksara jawa nglegena ana 20, dene babone aksara jawa iku aksara Brahmi sing asale saka Hindustan.
Aksara jawakagolong aksara jinis abugida utawa hibridha antara aksara silabik lan aksara alfabet. Aksara silabik iki tegese yen saben aksara uga nyandhang sawijining swara.
LEGENDA ASAL AKSARA HANACARAKA
Urutan aksara iki kaya mangkene:
       ha    na     ca    ra    ka         tegese ana utusane
      da     ta      sa   wa    la          tegese padha regejegan
      pa    dha    ja    ya    nya        tegese padha digdayane
      ma    ga     ba   tha   nga        tegese padha dadi bathang
Urutan iki digawe miturut legendha yen aksara Jawa iku diasta dening Aji Saka saka tanah Hindustan menyang tanah Jawa. Banjur Aji saka ngarang urutan aksara kaya mengkene kanggo mengeti rong punakawane sing setya nganti mati: Dora lan Sembada. Loro-lorone mati merga ora bisa mbuktekake dhawuhe sang Aji. Mula Aji Saka banjur nyiptakake aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.
Dene asal-usule aksara jawa ing tanah jawa iki mangkene:
Aksara jawa babone aksara Brahmi, sing asale saka Brahmi (Hindustan). Ing India akeh rupa-rupaning aksara. Salah sijining aksara sing wigati iku aksara Pallawa saka India sisih kidul. Diarani Pallawa iku manut jenenge salah siji kraton ing India kidul yaiku Kerajaan Pallawa. Aksara Pallawa iki digunakake kira-kira abad 4 M. Aksara Pallawa iki dadi babone kabeh aksara Nusantara antarane aksara Hanacaraka, aksara Rencong (aksara Kaganga), aksara Makasar lan aksara Baybayin (Filipina).

Minggu, 27 Februari 2011

SEWELAS DALANE PATI

Dening: Ki Begawan Tjipto Adi
Kapetik saka PS edisi 10, Maret 2011

Nyambung pati, manut istilah basa Jawa kaperang dadi sewelas warna, yaiku :
1. MATI UTAMA
   Tegese mati ninggalake kabecikan lan lelabuhan kanggone bebrayan sing ditinggal rumangsa kelangan,  kepotangan budi, rumangsa wis nate dilabuhi, ditulungi, mula sapatine akeh sing rumangsa gela lan getun, kahanan playatan dadi tintrim lan nrenyuhake.
2. MATI SEMBADA
    Mati kang babar pisan ora ninggal prekara, rikala mati kabeh urusan kadonyan wis dirampungake wiwit mrenahake anak putu, tekan kewajiban lan tanggungan rikala sugenge wis beres kabeh, kalebu adil ing babagan warisan, wis kabagi rata marang ahli warise.
3. MATI KEPAMA
Mati sing entuk pakurmatan linuwih. Lara ketunggon anak bojo nganti ilange nyawa. Diragati, dirukti, diormati lan diarak kanthi ora sabaene, kayata matine panggedhe, ratu, juragan, lsp. Ucapan bela sungkawa nganti ngentekake kembang pirang-pirang kwintal.
4. MATI NGRANA
    Mati amarga labuh negara utawa mbela agama. Mati ing paprangan, mati syahid minangka dadi syuhadak utawa pahlawan.
5. MATI NELANGSA
   Mati kang ora entuk lelabuhan, ora dipetung karo bebrayan, senajan mati akeh sing ora rumangsa kelangan, senajan sedulur, anak bojo pisan anane mung lega lila ora gela babar pisan. Swasana pelayatan wae katon adhem ayem ora ana sing susah, mula rikala isih sugeng kena diarani "mati sajroning ngaurip"
6. MATI NISTHA
Matine wong ninggalake piala utawa bab ala, drengki, srei, panasten, lsp. Uga matine wong nganyut tuwuh (bunuh dhiri)
7. MATI GELA
    Matine wong nemoni kacilakan, isih nom nandang lara sing ora bisa mari, bocah cilik kejegur blumbang, mati dadakan, ora lara lan ora ana tandha-tandha yen wis arep mati, ninggal anak sing isih cilik-cilik, bojo ora nyambut gawe. Utawa matine wong sing lagi sukses-suksese lan semangat kanggo urip makantar-kantar.
8. MATI MUSPRA
    Mati ora konangan ora dingerteni alang ujure dening kulawargane. Contone: Tiba saka peasawat, kejegur laut banjur ilang, kere utawa gelandhangan mati ing tengah pasar, munggah gunung ora mulih ilang musna tanpa kabar, lsp.
9. MATI LEGAWA
    Mati kang banget wis diikhlasake, upamane lara nganti taunan, wis marem sing ngopeni, wis tutug umure, amarga kacilakan upama urip malah cacat lan memelas, ngibadahe wis cukup, sodakohe wis turah-turah.
10. MATI WISUNA
      Mati kang isih ninggal perkara, ninggal utang, tahanan koruptor, matine tukang mendhem, matine penjahat, matine wong sing lagi tumindhak nistha.
11. MATI SUCI
      Matine bayi utawa bocah sing durung duwe dosa

Minggu, 13 Februari 2011

Remidi kelas XI B/A/S

Bagi siswa kelas XI B/A/S yang  belum tuntas, silahkan kerjakan soal online disini. Untuk dapat mengerjakan kuis ini anda harus terhubung ke internet dan komputer anda sudah terinstall Flash Player. Untuk memulai mengerjakan silahkan klik di sini

Minggu, 23 Januari 2011

REMIDI ULANGAN HARIAN DAN MID SEMESTER GASAL KELAS X

REMIDI ULANGAN HARIAN
1. Tembung jalwestri kuwi garban saka tembung : ................+ ............., tegese ..........
    Tembung prapteng kuwi garban saka tembung : ................+ ............., tegese ..........
2. Gawenen ukara nganggo tembung jalwestri lan prapteng! 
3. Gawenen tuladha pacelathon (wawancara) antarane simbah lan putune bab bencana gunung Merapi.
     Putu     :   ...................
     Simbah :  ...................
     Putu     :   ..................
     Simbah :  ..................
     Putu     :  ...................
     Simbah :  ..................
     Putu     :  ..................
     Simbah : ..................
4. Apa tegese tembung-tembung ing ngisor iki, lan gaweya tuladha ing ukara!
    a. Kumalungkung :
    b. Kapiyarsa :
    c. Kumawani :
    d. Kamitenggengen :
5. Apa tegese tembung ing ngisor iki, lan gaweya tuladha ing ukara!
    a. kepranan
    b. jumeneng
    c. midhanget


REMIDI MID SEMESTER
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Ana pira jinise paragraf? Sebutna lan terangna!
2. Ana pira paragraf narasi? Sebutna lan terangna!
3. Apa sing diarani paragraf eksposisi?
4. Gawenen tuladha paragraf deskripsi babagan sifat lan ciri-ciri awakmu!
5. Apa bedane paragraf deduktif lan paragraf induktif!
6. Apa tegese tembung dawa jangkahe, lara ayu lan amba jagade!
7. Gawenen ukara nganggo tembung:
      a. dawa jangkahe
      b. lara ayu
      c. amba jagade
8. Owahana ukara ing ngisor iki nganggo basa krama:
     Akeh wong tansah diurmati dening wong liya, amarga saka guneme kang bisa gawe lancare sesrawungan.